23 Agustus 2010

BLANGGUR

oleh Eko Purwanto pada 17 Agustus 2010 jam 21:00

Pasa jaman saiki kepenak banget,karana sarana komunikasi wis maju,ana televisi,radio lan telpun genggem,sahingga yen arep nunggu buka pasa mung kari nonton utawa ngrungokake televisi lan radio ora usah nyang endi endi.Apa maneh saiki saben Masjid,langgar lan musholla cilik mesti nduwe pengeras suara kanggo nyiarke wektu buka lan sahur.
Kahanan iki beda karo jaman nalika aku isih bocah,pengeras suara ing Mesjid,langgar lan mushola durung ana,radio sak dusun sing duwe mung siji loro,ngono wae sing nduwe ora pasa dadi ya ora tau nyetel wara-wara buka pasa. Apa maneh sing jenenge televisi,barang iku isih langka,sing kagungan wektu iku sak kabupaten mung pak Bupati,televisi ireng putih 14 inci neng njero kothak kayu lan diwenehi salon.Saben malem minggu televisi mau disetel neng pendopo supaya rakyate bisa ndelok,sing ndelok akeh banget,aku sakanca yen budal gasik banget supaya bisa oleh panggonan ndelok neng ngarep dewe. Wah ! nalika semana rumangsaku apik banget,senengku ra jamak,apa maneh yen acarane musik,prasasat ora kedep anggonku ndeleng kotak sing jenenge televisi mau.Nganti saiki sing aku eling yaiku acara musik sing salah siji penyanyine Dewi Yull nalika isih prawan kinyis-kinyis,nganggo kebaya encim putih ana rendane,roke jarik sido mukti lan rambute diklabang loro,deweke nembang lagu "Sepasang mata bola' jan gayeng tenan ! nganti dadi impen neng turon.
Nalika semana PLN durung mlebu neng kuthoku,sing ana mung listrik saka diesel sing panggonane neng mburine pendopo kabupaten.Siaran televisi dipungkasi jam sanga bengi.

Saben ndina sasuwene wulan pasa aku sakanca yen wis jam papat sore cepet-cepet adus terus budal menyang aloon-aloon,bebarengan karo nggawa bal,bale dudu teka plastik utawa bal karet ning bal saka sepet sing di uwel-uwel digawe bunder lan dirajut nganggo tampar nganti padet lan bunder seser.Sing wasis nggawe bal iku kang Dhugel kancaku sing paling gede lan methekel.
Kahanan aloon-aloon jam yahmono wis rame banget,akeh bocah cilik,remaja lan wong tuwo pada seneng-seneng nurut carane dewe-dewe. Aloon-aloon neng kuthoku mung ana siji sing dadi punjere kutho,Aloon-aloon dikubengi sisih kulon masjid jamik,sisih lor kantor pemda,sisih wetan pendopo lan daleme Bupati dene sisih kidul sekolah guru SGB. Ing tengah Aloon-aloon ana wit ringin kang gede,godonge ngrembayong lan akeh sulure kang gumantung,yen mangsa ringin iku woh akeh manuk Jowan sing pada mencok neng wit iku karo nyucuki wohe.

Ana apa kok sore-sore akeh wong-wong dolan menyang aloon-aloon ?
Tujuane kabeh pada,yaiku golek sore lan kepingin ndelok BLANGGUR.
BLANGGUR.......wernane abang getih,wangune kaya kendhil sing dikurebne,nduwe buntut arupa sumbu,asale saka pabrik pluru lan dinamit ing kutho Malang(?). Omahe Blanggur arupa pipa utawa brombong wesi dawane watara siji setengah meter lan bolongane kira-kira rongpuluh sentimeter,pipa ditancepna neng tengah plataran mesjid.Menyang apa Blanggur iku ditunggu lan didelok wong akeh ? Merga Blanggur wektu iku dadi pratanda buka pasa siji-sijine sing resmi saka pemerintah.
Kanggo nunggu wektu buka pasa ana sing sakeluarga mbeber klasa jagongan lan wis nggawa panganan kanggo bukoan pisan,ana bocah-bocah sak pantaranku dolanan bal-balan,kasti lan balapan mlayu,ora sithik remaja putra-putri sing semayanan ketemu neng aloon-aloon nunggu Blanggur karo yang-yangan.

Wektu maghrib wis manjing,kang ana aloon-aloon pada mandeg saka acarane dewe-dewe lan bebarengan nyedak menyang pelataran masjid,nanging ora oleh mlebu neng pelataran mung ana sanjabane pager wae, ing pelataran masjid mung ana pak na'ib(pegawai KUA) lan ta'mir masjid,wong loro mau ndeleng langit kulon terus nyocogake karo jam sing dienggo neng tangane dewe-dewe,pak na'ib manthuk,ta'mir masjid uga manthuk,petugas kang kapatah nyumet Blanggur nggawa barang iku terus dilebokne menyang omahe,sumbune ditokna nglawer nyang njaba pipa watara seprapat meter,sawise iku petugas njupuk cuthik dawa sing pucuke diwenehi pentholan kain sing dicelup lenga tanah,Blanggur siap disumet.
Wong-wong ing sanjabaning pager pada megeng napas,bocah-bocah cilik pada ndepipis mepet menyang wong tuwone karo setengah wedi,kabeh pada nutupi kupinge nganggo tangan,malah saking wedine ana bocah cilik sing wiwit nangis,bocah-bocah sing wis gede seneng setengah deg-degan maju nggolek panggonan ngarep nganti menek pager.
Cuthik disumet,karo mlaku alon petugas nyunyuk sumbu Blanggur lan age age bebarengan mundur karo pak Na'ib lan pak ta'mir golek amping-amping neng mburi tembok. PLethik-plethik.....wess ..sumbu wiwit kobong...isih neng njaba pipa....wesss..wong-wong megeng napas lan tambah rapet nggone ndekep kuping....wesss....sumbu kobong wis mlebu neng pipa......wessss.....banjur..Bluupp !! !....BlANGGG!!! ana geni mlesat mendhuwur....laapp!! banter banget,sing nonton pada nguwasake lepase geni,mata mentheleng karo ndangak......wess....sauntara.....GUURRR !!!! katon geni muncrat neng langit swarane banter banget,penonton surak-surak ..!.
Blanggur wis muni pratanda pasa dina iku bisa dibatalake,wong-wong kang nonton pada cengkelak bali mulih age-age arep buka pasa,ana sing nyengklak sepeda pancale ana sing mlaku utawa mlayu cepet-cepet,sing wis nggawa bukoan lan mbeber klasa neng aloon-aloon kalem wae mbalik menyang panggonane mau terus buka bareng...gayeng !

Mengkono mula bukane "mercon" gede pertanda buka iku diarani BLANGGUR....disumet...BLANGG....wess...GGUUURRR !!!!!!
Kumandang swarane Blanggur mau adoh banget nganti tekan sawetara kecamatan kayata Pogalan,Karangan,Gandusari lan jarene Pule lan Dongko uga krungu.

Radio wiwit akeh,televisi masyarakat wiwit nduwe,listrik PLN wis mlebu Nggalek,ana aturan pemerintah kang nglarang nyumet mercon sarta blanjan nggo tuku Blanggur ragade ora sithik,ndadekake pakulinan nyumet Blanggur ing wulan pasa mandheg.Pakulinan kumpul-kumpul neng aloon-aloon sanajan isih ana ning ora rame kaya nalika isih ana BLANGGUR.
(cuthel)

PS; rada lali ,tahun pira ilange pakulinan nyumet Blanggur,tahun pira PLN mlebu Nggalek.elingku wektu iku aku SMP(1966-1969).
ana kanca nggalek sing eling ?

0 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]

<< Beranda